~Udan udan enak'e mangan peyek
Ora klambenan di jegongngi asu
~Awan awan kenal cewek
Isek perawan bocahe ayu
~di uber asu gek ndang mlayu
Sirah ketatap bendol bathuk'e
~Perawane guya guyu nyawang sliraku
Aku ulap karo untune
~ketatap bathuk'e ojo di kukur
Neng ngisor wit rambutan malah kebruk'an
~Bareng tak tamatne gingsul untune selikur
Yo Lumayan kenek gawe ngiyup pas udan udan
SUGENG DALU
NIKI PARIK'ANE JEMBLUNG PUNDI PARIK'ANE JENENGAN...
0 komentar:
Posting Komentar