15 Jan 2013

Syetan

1/15/2013 Posted by Unknown No comments
Mohtarida@yahoo.com

Sugeng injing luuur

Bengi kuwi jemblung lagi ngapeli kanthil neng omahe

Amargo omahe kanthil sepi iki kesempatane jemblung

Tapine Paijo iki senengane nginceng jemblung karo kanthil teko cendelo

JEMBLUNG : dik kanthil aku kepengen nyekel tanganmu

KANTHIL : emange enek opo karo tanganku mas

JEMBLUNG : tangane Sampean drijine kok jempolan kabeh to dik kik...kik...karo ngelus ngelus tangane kanthil

Paijo mripate byar pet byar pet nginceng jemblung karo kanthil

JEMBLUNG : dik aku arep ngomong sampean oleh gak...

KANTHIL : yo oleh to mas ndang ngomong

JEMBLUNG : aku kepingen ngesun pipine sampean dik (karo nyosor lambene)

KANTHIL : ojo mas mengko ono sing ngerti piye

JEMBLUNG : ora ono dik,kan keluargane sampean lagi lungo(karo ngelus ngelus rambute kanthil)

Paijo nginceng karo ngowoh klambine teles iler

JEMBLUNG : tenan kok dik aku pengen ngesun pipimu pisan (1) ae

KANTHIL : sampean opo ora ngerti kuwi durung oleh mas

JEMBLUNG :iyo aku ngerti, kan mumpung ora enek sing ngerti(karo merem merem arep ngambung kanthil)

KANTHIL : lha nek enek sing ngerti piye mas

JEMBLUNG : iyo di aku ngerti sak iki,nek enek wong lanang karo wong wedok lingguh jejeran berarti sing ketelu (3) iku lak SYETAN

PAIJO : HOOOiiii
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
AKU MENUNGSO ORA SYETAN

Sak naliko jemblung karo kanthil jempalikan goling teko kursi

CERITO IKI DIREQUEST BY KEBRU'AN GEDEK JUDULE SYETAN

0 komentar:

Posting Komentar