JEMBLUNG : jo dengaren malam minggu pos kampling ki kok sepi
PAIJO : iyo blung sepi banget,biasane gimen barang ki mesti mrene
JEMBLUNG : paling yo sek malam mingguan to jo
PAIJO : sak iki lho wes jam 1 bengi mosok isek ngapeli pacare
JEMBLUNG : mengko gek di gowo kuntilanak
PAIJO : HUZZZ...lambemu iki wes bengi ojo crito ngono kuwi ndakno aku wedi
JEMBLUNG : lak tenan jo,kae enek sing klambi putih sopo kuwi
PAIJO : ngrangkul ngrangkul jemblung,mlakune kok yo mrene pisan
JEMBLUNG : koyok'e ora wong kene jo,wah sikile ora ngambah (demek) lemah pisan
Bareng tekan ngarep pos kampling jemblung karo paijo keweden,nganti kemringet bathuk nganti sikile
PAIJO : mblung iki tenan mbak kuntilanak mergo ambune kembang melati
JEMBLUNG : iyo jo,aku yo mambu kembang melati
Wes mari liwat cewek sing klambi putih kuwi mau,ambune ganti badek nganti di sumpet irunge isek mambu
JEMBLUNG : jo irungmu mambu badek ora
PAIJO : iyo mblung aku mambu karo lambeme komat kamit moco dungo
JEMBLUNG : ngene iki tondone kuntilanak wes ngaleh
PAIJO : lho kowe kok ngerti...
Opo biyen tau di pethuk'i kuntilanak(paijo nek dungo tansoyo dicepetne)
JEMBLUNG : yo mesti ngerti jo,aku biyen tau di pethuk'i trus nek mambu badek ngene iki tondone
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
AKU SING NGENTUT,KUNTILANAK'E NYIMPANG NEK MAMBU ENTUTKU kik...kik...jemblung guya guyu koyok wong ora duwe doso
PAIJO : KOWE JAN SYETAN MBLUNG PANTES DADI LANANGANE KUNTILANAK
~CERITO IKI DIREQUEST BY HERI IBRAHIMOVIC JUDULE CERITO MISTERI
~CERITO IKI DIREQUEST konco konco kumpulan cerito & guyonan boso jowo
0 komentar:
Posting Komentar