Luuur sugeng dalu iki cerito sangu turu
Malam minggu jemblung mari bayaran ngajak pacare jalan jalan alias kencan
Jemblung langsung budal neng omahe kanthil,
JEMBLUNG : dik tinimbang malam minggu neng omah,ayo metu jalan jalan golek angin
KANTHIL : metune neng ngendi to mas
JEMBLUNG : Aku pengen nraktir awakmu
KANTHIL : mmm opo sampean mari bayaran
JEMBLUNG : yo mesti to dik,aku kerjo ki kanggo awakmu kik...kik...
KANTHIL : sampean iso ae nek ngrayu aku,mas aku pengen mangan neng restaurant golek tempe sambel tomat
JEMBLUNG : wes gampang ndang macak disek seng ayu
Bareng wes tekan restaurant kanthil pesen sambel tomat+tempe di penyet
KANTHIL : enak tenan yo mas sambele iki
KWAKWAKWAKWAKWAKWAKWAK
,saking bantere nek guyu kanthil nganti sing mangan neng sandinge nganti nyawang
JEMBLUNG : dik sampean Ojo ombo ombo nek guyu
KANTHIL : ora opo to mas mumpung atiku lagi seneng
KWAKWAKWAKWAKWAKWAK nganti wong sing neng restaurant nyawah kabeh
JEMBLUNG .: HUZZZ mingkem dik
KANTHIL : paling paling kabeh iri karo ayuku,malah dibanterne nek guyu
JEMBLUNG : dik sampean mingkemo,opo ora iSin di sawang uwong kuwi lho...
KANTHIL : oalah mas aku kok traktir sambel tomat mung sepisan iki ae to,emange enek opo to kok aku ora oleh guyu
JEMBLUNG : oleh guyu tapi ojo sak iki nek mu guyu
KANTHIL : lha kenopo to mas...
JEMBLUNG : ''jemblung bisik bisik neng kupinge kanthil''
Iku lho dik neng gone
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
UNTUMU ENEK LOMBOK'E WARNONE ABANG PISAN
Saknaliko Kanthil ngejak muleh jemblung karo krukupan plastik kresek
CERITO IKI DI REQUEST BY KUROMARU ALC JUDULE LOMBOK ABANG
0 komentar:
Posting Komentar